Total Tayangan Halaman

Kamis, 22 September 2016

bahasa jawa ADIPATI KARNA TANDHING

KARNA TANDING
Wonten ing perang Bratayuda, Adipati Karna ing Ngawangga aben ajengkaliyan Raden Arjuna saking Madukara.Perangipun satriya kalih wau, yen dipuntingali nengsemaken sanget. Ingngakasa  para dewa saha para widadari, sami mriksani perangipun satriya kalih punika.Saya dangu perangipun saya sayektos. Adipati Karna nyaketi Raden Arjuna. Karsanipun Adipati Karna badhe ngrangkul Raden Arjuna. Nanging Raden Arjuna tansah enget piwelingipun Prabu Kresna ing Dwarawati, bilih Raden Arjuna sampun ngantos kenging karangkul dening Adipati Karna.Sasampunipun perang kapalan (perang numpak kapal/jaran), gentos perang jemparing (panahan). Kaprigelanipun olah jemparing satriya kalih punika nggumunaken sanget dhateng ingkang sami ningali.Kocapa Adipati Karna ngatingalaken titisipun njemparing. Raden Arjuna dipunles sumpingipun, kenging. Sumping ical. Raden Arjuna lingsem sanget. Lajeng males njemparing Adipati Karna kenging topongipun (topi) remuk bubuk. Adipati Karna gentos kalingseman. Adipati Karna lajeng kaparingan topong enggal, dening Prabu Salya saking Mandraka. Sapunika perangipun dipunlajengaken sami dene numpak kreta perang. Kretanipun Adipati Karna dipunkusiri Prabu Salya, kretanipun Raden Arjuna dipunkusiri Prabu Kresna. Perangipun rame sanget, boten wonten ingkang kawon boten wonten ingkang mimpang.Wekasanipun Adipati Karna badhe nglepasi jemparing pusaka ingkang nama Wijayadanu. Prabu Salya nratab panggalihipun. Kuwatos Raden Arjuna seda kenging panah ampuh punika. Mila sareng kaliyan lumepasing panah, kretanipun Adipati Karna dipungenjot dening Prabu Salya, ingkang damel menceng lampahing panah Wijayadanu. Boten kenging jangganipun Raden Arjuna nanging kenging gelungipun Raden Arjuna.Sanalika wonten dewa ing ngatariksa ingkang tumedhak maringi topong Raden Arjuna. Sareng Raden Arjuna ngagem topong, wujudipun Raden Arjuna sami presis kaliyan Adipati Karna. Mila lampahan punika dipunwastani Karna Tandhing, awit kados-kados ingkang perang punika Adipati Karna mengsah kaliyan Adipati Karna, utawi karna kembar.Gentos kocapa Raden Arjuna ngasta panah pusaka Pasopati. Sareng kalepasaken kenging jangganipun Adipati Karna. Saking ampuhipun pusaka, Adipati Karna boten kraos yen ketaman pusaka. Nanging ketingal lajeng kendel boten ebah-ebah. Prabu Salya pirsa rah medal saking jangganipun Adipati Karna, Prabu Salya lajeng ngendelaken kretanipun. Boten antawis dangu, Adipati Karna gumalundhung mustakanipun. Senapati Ngastina dumugining seda.
Katrangan:Aben ajeng: adu arepNengsemaken: narik, nyenengakeNgakasa:  langitLingsem: isinMimpang: menangPusaka: barang sing dianggep sakti lan diaji-ajiTumedhak: mudunKetaman: kenging

Tidak ada komentar:

Posting Komentar